TUMETESING WASPA
wiwit nampa pawarta
bakal ngandhut tanpa patrape manungsa
sliramu tanpa daya lan swala
nampa kanthi rena
nglampahi kanthi suka lila
tanpa nggresula
dalan urip kasunyatan ora buntet
manah bungah malih dadi susah pasrah
nampa kahanan
narima ing kasunyatan
jabang bayi wohing katresnan
kudu miyos ing kandhang kewan
panandhang iki kasunyatan isih ngumandhang
sliramu ora diakoni minangka jejering ibu
dening jabang bayi kang metu saka guwa garbamu
saya ajur rasaning ati
mrangguli lan meruhi putra ontang-anting diadili
didakwa lan dipilara kaya lumrahe durjana
dipitenah
dicecamah
ewa semono sliramu mung pasrah sumarah
ing sadawaning dalan munggah redi Golgota
sliramu wus kasadan waspa
rasa lan pangrasane atimu remuk tanpa daya
nyekseni tombak njojoh jaja
mustaka kapatrapan makutha lambanging piala
meruhi raga adus rah tanpa daya
sliramu kudu mangku jasad putramu
kang kabotan sangga marga dosa-dosaku.
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar