KEPLAYU
sawise kabeh ngesokake rahing kanepson
rumangsa mongkok kasil ngoncatake sukmane
karana tombak tumancep ing jajane
kang kawetu mung banyu bening tandha wening
langit pinayungan mendhung kumalungkung
thathit lan bledheg padha tumungkul
jagad dadi coblong tanpa pepadhang
sukma tanpa dosa oncat saka raga
saka gegana kaprungu swara
" ... ya iki PutraKu kang kinasih ..."
wong-wong padha keplayu ngudi rahayu
saka pucuking lathi winetu
" Bener, Panjenengane Putrane Allah !"
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar