Senin, 05 Maret 2018

APURANEN AKU

APURANEN AKU

nalika Sliramu didakwa durjana
aku ora kwagang mbela
nalika Sliramu kudu nampa pidana
aku ora bisa mbengokake rasa
nalika Sliramu digawe pangewan-ewan
sepisan maneh, aku ora bisa paweh paseksen

Sliramu kudu nyangga aboting panandhang
mikul kasangsaran kalambang ing pamenthangan
nurut dalan rumpil kebak kasangsaran
nuruti kanepsoning jiwa-jiwa brangasan

apuranen aku.....
amarga dosa-dosaku
nggawe rah tumetes saka mustakaMu
amarga dosa-dosaku
nggawe ragaMu kebak ing tatu
amarga dosa-dosaku
Sliramu kudu seda saka tanganing satru

apuranen aku ....
nalika ragaMu gumantung pamenthangan kayu
aku malah mlayu ......

                                                            A. Sardi


Tidak ada komentar:

Posting Komentar