LARANING PEPISAHAN
ron-ron ati mosik
nggeterake sukma dadi lara
rontok kabeh rasaning asmara
urip siji kaceblok ing pepetenging dhiri
kok tega
kok mentala
kamangka kangen esemmu durung lerem
isih ngrembaka kepengin ngumbara
lelana kekudangan endahing netra
bolah sewu wus sinambung kalbu
nanging ngapa tetep durung ketemu
kok tega
kok mentala
ninggal lelara angel tinamba
kangenku tansaya jenjem
ananging pepesthen pisah wus kumlarah
nyenyamah dadi susah
A. Sardi
sampun kapacak ing Djala Lodang
10 Februari 1994
Tidak ada komentar:
Posting Komentar