NGENDI DUNUNGE
ngendi dak udi wadining wengi
kanggo nglerem ati kang adhem ayem
dene donya wus kinonggreh mangsa
kebak candhala murka lan duraka
(lingsir angin ngganda bacin
ilining toya ngemu bebaya
nyumpel ati kang sumpeg)
ngendi papan raga kinubur siti
kabeg nggendhong gedhong magrong-magrong
nutup endahing ardi kang suci
(manuk-manuk jlantri
aja takon ngendi pencokaning dhiri
aja takon ilanging kabudayan wingi)
A.Sardi
sampun kapacak ing Djaka Lodang
5 Agustus 1995
Selasa, 31 Mei 2016
Minggu, 29 Mei 2016
KABAR SAKA PASAR
KABAR SAKA PASAR
I
ujare baul godhong
rejeki iki nyelaki pati
plastik lan dluwang nedya mbuntel ati
nadyan kabesut kaya alusing dhadha
kabeh tetep muspra
II
kandhane bakul areng
urip iki mung nemu irenging peteng
gas elpigi tansah nyeprot bathi
ngobong lakuning urip kang tansah kajepit
III
panggrantese bakul bumbon rajangan
kang tanpa daya nandhingi iklan bumbu masakan
rasa sedhep mateni krenteging karep
mancing-mancing nambahi gething
A.Sardi
wis nate kapacak ing Djaka Lodang
16 September 1995
I
ujare baul godhong
rejeki iki nyelaki pati
plastik lan dluwang nedya mbuntel ati
nadyan kabesut kaya alusing dhadha
kabeh tetep muspra
II
kandhane bakul areng
urip iki mung nemu irenging peteng
gas elpigi tansah nyeprot bathi
ngobong lakuning urip kang tansah kajepit
III
panggrantese bakul bumbon rajangan
kang tanpa daya nandhingi iklan bumbu masakan
rasa sedhep mateni krenteging karep
mancing-mancing nambahi gething
A.Sardi
wis nate kapacak ing Djaka Lodang
16 September 1995
Jumat, 27 Mei 2016
KAPANG KANG KOPONG
KAPANG KANG KOPONG
dak tutup hawaning kamurkan
saka bolongan pitu regoling kalbu
ngadhep keblating keblat papat
sikil nggedrug bantala kaping telu
nedya nyebut bapa ibu pertiwiku
mbukak tapak dlamakaning tangan
nyadhong tumetesing bun-bun pasucen
nyebar sewuning arum kembang setaman
nyipta peganing dupa pralambanging dosa
ngisi ati kopong mring kapang
marang rembulan kang sugih pangadilan
marang rembulan kang nyimpen rasa kamanungsan
marang dawaning wengi kang ngemu adi
nanging gambaraning ati ngrujit pati
datan bisa ngebaki kapang kang kopong.
A. Sardi
sampun kapacak ing Djaka Lodang
14 Oktober 1995
Kamis, 26 Mei 2016
GURIT ILINING ANGIN
GURIT
ILINING ANGIN
Kabar apa manek kang kok gawa
Dene mangsa konggreh omah obahmu
Nggeterake ati kumitir getir
Mili katut ilining lakumu
Crita apa maneh kang bakal kok babar
Kembange ati iki katut alum lan rontog
Sadurunge megar nyebar aruming rasa
Kang dawa lelana ngudi begja
Lakon sandiwara apa maneh kang manjila
Kamangka donya kebak pakeliraning
manungsa
Andon panguwasa lan prakosa
Apa lakuku uga katut lakumu ?
a.sardi
sampun kapacak ing Djaka Lodang
26 Nopember 1995
Rabu, 25 Mei 2016
TALINING ATI
TALINING ATI
kajiret maneh jagading angga
kasrimpet maneh obahing pengarep-arep
punthes pepes tiba ing apes
karep iki buntet lan bundhet
kabuntel maneh ing rasa anyel
kacencang maneh ing kapang-kapang biru
datan bisa uwal saka cekelan
datan bisa ucul lan thukul
tali-tali mati kenceng tumali
angel diuculi
angel diuwali
angel diudhari
apa kudu nyranti tumekaning pati ?
A. Sardi
wis kapacak ing majalah Djaka Lodang
26 November 1995
kajiret maneh jagading angga
kasrimpet maneh obahing pengarep-arep
punthes pepes tiba ing apes
karep iki buntet lan bundhet
kabuntel maneh ing rasa anyel
kacencang maneh ing kapang-kapang biru
datan bisa uwal saka cekelan
datan bisa ucul lan thukul
tali-tali mati kenceng tumali
angel diuculi
angel diuwali
angel diudhari
apa kudu nyranti tumekaning pati ?
A. Sardi
wis kapacak ing majalah Djaka Lodang
26 November 1995
Selasa, 24 Mei 2016
BANJIR BANDHANG
BANJIR BANDHANG
udan iki luh tangising dewa
thathit gludhug iku pasambate kang lara
kabeh nedya tumiba ing donya
manungsa kang nampa
gunung gundhul iku trekahing manungsa
jitir banjir iku minangka pratanda
owa gingsire manungsa duraka
manungsa kang nampa
kenthong titir iku kamulyan
ndhodhog ati lan pikir enggala mikir
nglelimbang tumapaking banjir
kanepsning dewa nedya gingsir
noleh mring korban banjir iku pikoleh
nulung mring korban banjir iku untung
ngrangkul mring korban banjir iku tumungkul
ndonga mring korban banjir iku pinuja
A. Sardi
sampun kapacak ing Majalah Djaka Lodang
23 Desember 1995
udan iki luh tangising dewa
thathit gludhug iku pasambate kang lara
kabeh nedya tumiba ing donya
manungsa kang nampa
gunung gundhul iku trekahing manungsa
jitir banjir iku minangka pratanda
owa gingsire manungsa duraka
manungsa kang nampa
kenthong titir iku kamulyan
ndhodhog ati lan pikir enggala mikir
nglelimbang tumapaking banjir
kanepsning dewa nedya gingsir
noleh mring korban banjir iku pikoleh
nulung mring korban banjir iku untung
ngrangkul mring korban banjir iku tumungkul
ndonga mring korban banjir iku pinuja
A. Sardi
sampun kapacak ing Majalah Djaka Lodang
23 Desember 1995
Senin, 23 Mei 2016
TEMBANG KLARAS GODHONG GEDHANG
TEMBANG KLARAS GODHONG GEDHANG
angin wengi mili nggawa wadi
ngelingake duk jaman kawuri
raga isih ginanda arum wangi
bisa macak lan nguri-uri dhiri
kasempyok cahya cumlorot ngebaki ati
dhadha sumIlak nantang wewadi
lambe tipis binangis tanpa tinali
paweh panggodha para priyayi
nanging saiki .....
klaras godhong gedhang sengkleh kumlarah
datan tinulungan nadyan mangsa salah
atine wirang tansah dicecamah
klaras godhong gedhang kumambang
sewu rasa kapang wis ilang
lulur kembang setaman wis ora nglambrang
nggetuni laku kang keplantrang
A. Sardi
wis kapacak ing Majalah Djaka Lodang
22 Maret 2008
angin wengi mili nggawa wadi
ngelingake duk jaman kawuri
raga isih ginanda arum wangi
bisa macak lan nguri-uri dhiri
kasempyok cahya cumlorot ngebaki ati
dhadha sumIlak nantang wewadi
lambe tipis binangis tanpa tinali
paweh panggodha para priyayi
nanging saiki .....
klaras godhong gedhang sengkleh kumlarah
datan tinulungan nadyan mangsa salah
atine wirang tansah dicecamah
klaras godhong gedhang kumambang
sewu rasa kapang wis ilang
lulur kembang setaman wis ora nglambrang
nggetuni laku kang keplantrang
A. Sardi
wis kapacak ing Majalah Djaka Lodang
22 Maret 2008
Minggu, 08 Mei 2016
LARA ATI
LARA ATI
yen sliramu kelaran ati
tumujua ing pinggiiring tlaga dhiri
anguk-anguka ing cahyaning tirta
metanana rasa njeroning dhadha
yen sliramu kesenggol ati
lumebua menyang gua kamulyan jati
semedia lan kidungna donga pasuci
kanggo ndhedhes ala lan peni
yen sliramu kabotan sanggan
cekelana teken lakuning kalbu
kareben kasil nuduhake arahing laku
tumuju luweng peteng kang lana
yen sliramu kelaran ati
tumujua ing pinggiiring tlaga dhiri
anguk-anguka ing cahyaning tirta
metanana rasa njeroning dhadha
yen sliramu kesenggol ati
lumebua menyang gua kamulyan jati
semedia lan kidungna donga pasuci
kanggo ndhedhes ala lan peni
yen sliramu kabotan sanggan
cekelana teken lakuning kalbu
kareben kasil nuduhake arahing laku
tumuju luweng peteng kang lana
ING TENGAHING WENGI
ING TENGAHING WENGI
ati sepi ing kapang
kelangan pang lan pencokan
ngendi dununging sangkan paran
yen kekarepanku nglambrang
sedyane ..
ing tengahing wengi
nedya dakrakit pangimpi-impi peni
nanging
lakuning wengi mrambat nyala wadi
malah ngumbar wewadi
sepi
ing tengahing wengi
ana seklamit ukara rasaning ati
dadi kidung pandonga dawa
dhuh dewa ...
ilangana klilipe angga
ing njero dhadha
a.sardi
Selasa, 03 Mei 2016
LAKUNING LAKU
LAKUNING LAKU
lakuning laku iki
kadya ron aking
kabur kumleyan
tanpa paran
tanpa kaampingan
lakuning laku iki
kadya ilining rina lan wengi
lir gumanti
datan bisa dimangerteni
kapan teka lan dipungkasi
lakuning laku iki
kadya uruping geni
madhangi
medeni
pati
Senin, 02 Mei 2016
TATUNING ATI
TATUNING ATI
yen sliramu kelaran ati
lumakua tumuju pinggiring tlaga dhiri
ngiloa rupa ing tiyaning suci
kareben kasil nemu lelakon peni
yen sliramu kesenggol ati
lumebua ing gua pasucen adi
kidungna donga puji
kareben bisa milah lan milih aji
yen sliramu kapunthes ati
aja pisan-pisan nglari
bukaken kitabing jalmi
:pasrah dhiri
A. Sardi
Minggu, 01 Mei 2016
SWARANING RASA
SWARANING RASA
embuh wis kaping pira
embuh wis pirang mangsa
rasa rasaning rasa rinakit dadi kandha
tinampa ngegla mring pramitra
embuh wis pirang pocap
embuh wis pirang tancep
crita iki lumaku saben babak
saiki ilang muspra
A.Sardi
Langganan:
Postingan (Atom)