KABAR SAKA PASAR
I
ujare baul godhong
rejeki iki nyelaki pati
plastik lan dluwang nedya mbuntel ati
nadyan kabesut kaya alusing dhadha
kabeh tetep muspra
II
kandhane bakul areng
urip iki mung nemu irenging peteng
gas elpigi tansah nyeprot bathi
ngobong lakuning urip kang tansah kajepit
III
panggrantese bakul bumbon rajangan
kang tanpa daya nandhingi iklan bumbu masakan
rasa sedhep mateni krenteging karep
mancing-mancing nambahi gething
A.Sardi
wis nate kapacak ing Djaka Lodang
16 September 1995
Tidak ada komentar:
Posting Komentar