NGENDI DUNUNGE
ngendi dak udi wadining wengi
kanggo nglerem ati kang adhem ayem
dene donya wus kinonggreh mangsa
kebak candhala murka lan duraka
(lingsir angin ngganda bacin
ilining toya ngemu bebaya
nyumpel ati kang sumpeg)
ngendi papan raga kinubur siti
kabeg nggendhong gedhong magrong-magrong
nutup endahing ardi kang suci
(manuk-manuk jlantri
aja takon ngendi pencokaning dhiri
aja takon ilanging kabudayan wingi)
A.Sardi
sampun kapacak ing Djaka Lodang
5 Agustus 1995
Tidak ada komentar:
Posting Komentar