KAPANG KANG KOPONG
dak tutup hawaning kamurkan
saka bolongan pitu regoling kalbu
ngadhep keblating keblat papat
sikil nggedrug bantala kaping telu
nedya nyebut bapa ibu pertiwiku
mbukak tapak dlamakaning tangan
nyadhong tumetesing bun-bun pasucen
nyebar sewuning arum kembang setaman
nyipta peganing dupa pralambanging dosa
ngisi ati kopong mring kapang
marang rembulan kang sugih pangadilan
marang rembulan kang nyimpen rasa kamanungsan
marang dawaning wengi kang ngemu adi
nanging gambaraning ati ngrujit pati
datan bisa ngebaki kapang kang kopong.
A. Sardi
sampun kapacak ing Djaka Lodang
14 Oktober 1995
Tidak ada komentar:
Posting Komentar