BANJIR BANDHANG
udan iki luh tangising dewa
thathit gludhug iku pasambate kang lara
kabeh nedya tumiba ing donya
manungsa kang nampa
gunung gundhul iku trekahing manungsa
jitir banjir iku minangka pratanda
owa gingsire manungsa duraka
manungsa kang nampa
kenthong titir iku kamulyan
ndhodhog ati lan pikir enggala mikir
nglelimbang tumapaking banjir
kanepsning dewa nedya gingsir
noleh mring korban banjir iku pikoleh
nulung mring korban banjir iku untung
ngrangkul mring korban banjir iku tumungkul
ndonga mring korban banjir iku pinuja
A. Sardi
sampun kapacak ing Majalah Djaka Lodang
23 Desember 1995
Tidak ada komentar:
Posting Komentar