TALINING ATI
kajiret maneh jagading angga
kasrimpet maneh obahing pengarep-arep
punthes pepes tiba ing apes
karep iki buntet lan bundhet
kabuntel maneh ing rasa anyel
kacencang maneh ing kapang-kapang biru
datan bisa uwal saka cekelan
datan bisa ucul lan thukul
tali-tali mati kenceng tumali
angel diuculi
angel diuwali
angel diudhari
apa kudu nyranti tumekaning pati ?
A. Sardi
wis kapacak ing majalah Djaka Lodang
26 November 1995
Tidak ada komentar:
Posting Komentar