TEMBANG KLARAS GODHONG GEDHANG
angin wengi mili nggawa wadi
ngelingake duk jaman kawuri
raga isih ginanda arum wangi
bisa macak lan nguri-uri dhiri
kasempyok cahya cumlorot ngebaki ati
dhadha sumIlak nantang wewadi
lambe tipis binangis tanpa tinali
paweh panggodha para priyayi
nanging saiki .....
klaras godhong gedhang sengkleh kumlarah
datan tinulungan nadyan mangsa salah
atine wirang tansah dicecamah
klaras godhong gedhang kumambang
sewu rasa kapang wis ilang
lulur kembang setaman wis ora nglambrang
nggetuni laku kang keplantrang
A. Sardi
wis kapacak ing Majalah Djaka Lodang
22 Maret 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar