KIDUNG PANGLIMBANG
KIDUNG PANGLIMBANG
wedharna apa kang kinandhut ing rasa
tebar gelaren saambaning ara-ara
nganti tinemu gambaraning pandhita ratu
kareben trewaca endi kang suci lan dosa
thinthingana isining kalbu
leremna sumiyuting angin nafsu
nglulu lan ngluru jembaring samodra biru
nganti kabeh mitra kaanggep satru
tebah-tebaha dhadha
nggetuni laku lakuning sukma nglegena
mawa pangilon kitabing jalma
takanana: manungsa iku sapa
A. Sardi
Sampun kapacak ing Djaka Lodang
24 Juni 1995
Tidak ada komentar:
Posting Komentar