NGUPADI JATI
DHIRI
Ora
perlu nglumba ing tengahing jaladri
Sebab
mung bakal nemu irenging wedhi
Kang
bakal ngregeti jagading jalmi
Tan
wurung nuwuhake keduwung agung
Ora
perlu munggah ing ouncaking ardi
Sebab
ing kana mung kari sisaning jalma
Kang
tumetes bareng bun-bun tumiba
Bakal
ngregeti netra nyandhung karsa
Ora
perlu mundhuk-mundhuk kami tuwa
Sebab
ing kana mung bakal nemu unthukaaning dupa
Kang
bakal ngganda lan nuwuhake hawa murka
Datan
bisa aweh tandha ing ngendi dununging swarga
Ora
perlu pasa ngrekasa raga
Sebab
bakal nyiksa karya kang tan lana
Ngrengkuh
penggayuh mawa luh
Datan
bisa ngrengkuh wulang reh
Ananing
ngupadia ing alaming raga
Kang
cumenthel ing pucuking ilat
Ya
ing kana bakal nemu abang biruning laku
Gegambaraning
laku tansah kawetu
Mula
kudu dijaga pucuking ilat
Mula
aja nganti ngetokake ukara nglelara
Mangertia
jatining dhiri cumundhuk ing lathi
Ora
perlu diupadi nanging dipepetri.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djala Lodang
18
Juni 1994
Tidak ada komentar:
Posting Komentar