SEMEDI
Ing tengahing sepi wengi
Dakleremake kahanan kadonyan
Sedya semedi sungkem ing ngarsaning
Hyang Widi
Nglelimbang lan nggagas lelakuning
gesang
Kang sineksen dening sedulur lanang
konang
Semburating ati sedya katiti
Mawa sumunaring lintang lan rembulan
Kang tansah cinaket paring penget
Milang kasangsaran lan kadosan
Kang tinandur ora katandur
Manuk bence kang tansah ngece
Atur panuwunku mung marang kowe
Dene aku wis bisa nemokake aku
Aku wis ngerti sadurunge dingerteni
Aku wis tobat sadurunge mertobat
Ya, ing wanci wengi iki.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
8
Juni 1991
Tidak ada komentar:
Posting Komentar