Minggu, 12 Juni 2016

REMBULANING ATI



REMBULANING ATI

Nalika rembulan kesaput layung
Rasaning ati tumiyung ing keduwung
Kelingan duk nalika nandhang wuyung
Aku lan sliramu ciblon asmara landhung

Saiki surem cahyaning rembulan
Kingslup katutupan grumbul ri rerondhetan
Nancep ing ati tumiba ing lelendhutan
Rasa njero dhadha kaya kabotan

Rembulan manjing ing suwaliking wengi
Nambahi saya petenging ati
Nadyan dak upadi mawi dlajah desa milang kori
Sliramu mung tansah dadi impi.

A.Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar