MELATHI
ndak pethik dadia cundhuk urip
ndak sebar nuwuhna ganda tresna kang lana
ing pojoking ati kang kangen
ndak gebyur mawa esem gumbira
oh, melathi kang nacep ing ati
aja alum sadurunge wayah pati
melathi kang ngebaki impi
jaganen turuku kang dawa
A. Sardi
sampun kapacak ing Djaka Lodang
25 Maret 1995
Tidak ada komentar:
Posting Komentar