CAHYA NATAL SUMUNAR
Cahya sumunar mawa tandha
Asta dawa dewa kumlawe ambrasta
Mbedhah betenging dosa kang nggubet
sukma
Pecah ing tengahing ratri kang suci
Ngumandhang swarga swarga …
“Iki PutraKu tumurun saka swarga
Ing
tembe nuntun munggah korining begja
Den suba-suba mawa kidunging kalbu
Cahya sumunar saka netra
Jabang bayi lair tandhes tapesing nistha
Lara lapa nendya nglabuhi manungsa
Dipadha tedhak marak
Pasrah sumarah …
Iki Gusti lan Gurumu.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
24 Desember 1994
Tidak ada komentar:
Posting Komentar