DONGA ING UMBARA
(gurit kanggo simbok)
Dawaning laku ngendhegake rasaning kalbu
Kelingan wiwitane urip nalika ana ing
guwa garba
Kebak rasa tresna saka wanita utama
Kang tansah cumenthel ing saben wektu
Saiki, beda rasaning urip iki
Kadohan pangkon dhamparing katresnan
Kesandhung rasa keduwung ninggal weling
Kang mung sakecap luwar saka lathine
simbok
Urip siji iki kepeksa ndheprok ora alok
Oh, simbok
Apa isih kelingan marang anakmu kang
nakal
Saiki gegedrug lemah nemahi susah
Donga dawa durung bisa nglipur rasa
A.Sardi
Sampun kapacak ing Djaka Lodang
5 Oktober 1994
Tidak ada komentar:
Posting Komentar