WELINGE
GUSTI
Siji
kang keri ing pinggiring ati
Nggubed
laku madhep mangu
Oyoting
tresna tan bisa diselak diswala
Ngepang
malang-malang sadengah papan
Ngebaki
ayangan nyundhul gegana
Mung
kari ngundhuh wohing prasetya
Sesuk
yen mega wus tinarbuga
Sedya
ndak pisungsungake resiking ati
Mung
mligi kanggo gusti.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Gema Kanisius
Mei
1991
Tidak ada komentar:
Posting Komentar