Rabu, 15 Juni 2016

NALIKA CENDHELA TINARBUKA

NALIKA CENDHELA TINARBUKA

nalika cendhelaning ati tinarbuka
tinemu sesawangan endah ngemu cahya
kang ginawa dening asrining angin esuk
anteng gumeleng nemu kangen

nalika cendhelaning ati tinarbuka
esem kang sengsem ora bisa kerem ing adhem
tawur lelahanan ing tengahing taman kasmaran
kang wis suwe anggonku ngadhangkebak panandhang

nalika cendhelaning ati tinarbuka
mratandhani jagad anyar wus gumelar
miwiti jaman lelangen andon kasmaran
kinanthi panyingset karep madhep lan manteb

nalika cendhelaning ati tinarbuka
siji katresnanku tampanana mawa rasa
aja siya-siya sadurunge tuwwuh woh kang nyata
aku nedya nyirami mawa toyaning suci

nalika cendhelaning ati tinarbuka
aku ngarep-arep supaya dina iki dawa
gelem nyekseni lakuning andon asmara
kang wus kabuntel pirang-pirang mangsa.

 A. Sardi
sampun kapacak ing Majalah Djaka Lodang
18 Juni 1994




Tidak ada komentar:

Posting Komentar