Selasa, 07 Juni 2016

REFLEKSI TENGAH WENGI

REFLEKSI TENGAH WENGI

ndak corek endahing rembulan
saka wewayangan bening wayah bengi
aku nedya kemulan pedhut adhem
nglerem ati dadi jenjem
nyandhang pengarem-arem


ndak brukuti ati slitruning kamulyan
miyak lan ngonceki impining ati
mawa tangan kasar; ngelus dhadha
tan ana jarit, kerem ing adhem
wis ora bisa didhudhah maneh
dosa wis tetep "dosa"
duraka ya tetep nampa dhendha

ndak gedrugake sukma ing bantala
kang wis ora kwagang nyangga rasa
wengi lumaku ngadhang pati
dadi refleksi dhiri

                                               A. Sardi
                                               sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                               11 Maret 1995

Tidak ada komentar:

Posting Komentar