LELANGEN ING
GISIK SEGARA
Dhiajeng ….
Delengen obahing ombak rebutan
kangen
Minggir nenepi andum rasa
Swarane ngrontokake sukma kang
nggegana
Ngagetake manuk-manuk camar kang
nyasar
Dhiajeng ….
Tipisna atimu kebak pengangen-angen
Titipna kabeh pandakwaning ala ing
selaning arga
Sesidhem bareng ngrakit
pengarem-arep langgeng
Nandur wohing pakarti, ngrakit impi
Dhiajeng ….
Delengen mendhung nggenthaweng ireng
Burem kaya eseming ati kepengin medhar janji
Rasa kang kabuntel ing lathi
Malih dadi biruning
jaladri
Bisa mung ngremet driji-drijimu
Ya iki panandhanging kanepson
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
19
Februari 1994
Tidak ada komentar:
Posting Komentar