MARUTANING MALA
Tanpa
kinyana lan kinira
Tanpa kandha lan crita
Sliramu teka ndhadhal kahananing
donya
Menggas tatananing laku jlantraning
mangsa
Ngamuk pungung
datan paweh petung
Mring janma
kang sesambat nyuwun tulung
Ngrasa urip
kaya katundhung
Ngupaya slamet
malah cumemplung kedhung
Marutaning
mangsa ngganda memala
Kumrosak datan
bisa kinyanak
Tega temen
misahake jiwa lan raga
Apa iki kabeh
tandha paukumaning dosa ?
A.Sardi
– Grogol