Minggu, 24 April 2016

ADIGANG-ADIGUNG-ADIGUNA

ADIGANG-ADIGUNG-ADIGUNA

 aja sliramu ngegungake kapinteranmu
kapinteran iku minangka oboring laku
kanggo mlangkah maju tumju korining kalbu
lungguh sedheku ing papan pisowanan pungkasan

aja sliramu ngumbulake pangkat
sebab kabeh bakal oncat lan pegat
nggawa jiwa tumiba ing kahanan kasrakat
nganti ora kuwat lan sambat

aja sliramu ngandelake kasarosan
ing titiwancine wektu sumende
kabeh datan nduwe pengaji kang gedhe
luwih becik mlaku nggremet kaya srengenge

A. Sardi

7 komentar:

  1. Paweling menapa ingkang wonten ing geguritan menika, Pak?
    {Meilya,VIIB,28}

    BalasHapus
  2. Pak Sardi
    Opo Tegese Adigung Adigung Adiguna

    BalasHapus
  3. Pak Sardi
    Opo Tegese Adigung Adigung Adiguna
    Ardi/viia/35

    BalasHapus
  4. Apa Tegese Pisowanan Pungkasan (Saryono,VIIB,33)

    BalasHapus
  5. Apa Tegese Pisowanan Pungkasan (Saryono,VIIB,33)

    BalasHapus
  6. Pak napa tegese srengenge?
    Gupita/17/7b

    BalasHapus
  7. Pak apa tegese mlaku mggremet kaya srengenge Joy/7b/20

    BalasHapus