GAMBAR
TAPAK SIKIL
Ing sajembaring
pasir pesisir
Cetha
trewaca gambar tilas tapaking sikil
Nuwuhake
pitakon dumadine lelakon
Sliramu
kang ngoncati janji
Sedyaku
nurut playumu
Nanging
aku kenggokan laku
Nalika
rasa mancik ing watu karang
Tuwuh
kuciwa cuwa mring umbaraning asmara
Aku
kudu takon sapa
Yen
rasa jero dhadha sambat ngaluwara
Kaya
swara pecahing aluning samodra
Nyempyok
pedhoting talining asmara
Pandelenganku
muspra
Nyawang
adohing prahara
Ginawa
angin bareng kereming baita
:
Gambar tapak sikil ilang kasaput toyaning samodra.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar