Senin, 11 April 2016

SANGANG SASI



SANGANG SASI

sangang sasi luwih
aku rumangsa seneng
nadyan ana ing pepeteng
aku ora ngrasa lelakon ireng

sangang sasi luwih
jiwaku kebak suka gambira
ora nemu lara lan sengsara
kabeh sarwa teka lan ana

sangang sasi luwih
donyaku njaga kanthi waspada
saben dina tansah ndedonga
ing titi wancine tiba aku ora muspra

sangang sasi luwih
donyaku tansah setya ing tresna
njaga raga aja nganti kena kala
lair wutuh jiwa lan raga
                                                               A. Sardi – Solo Baru

Tidak ada komentar:

Posting Komentar