SANGKAN PARAN
Jero-jembaring
samodra
Wis nate ndak
langeni
Mung kanggo
ngudi jatining dhiri
Nanging datan
kasil nemoni
Sewu
dhuwuring arga
Wis
nate ndak pecaki
Kanggo
nemokake pangiloning dhiri
Nanging
kabeh kebak eri
Ing suwaliking
kitab suci iki
Ati kasil nemu
sabda-sabda peni
Kang bisa dadi
tekening jati
Jumangkah
tumuju kamulyan swargi
Ing
rerangkening kidung donga
Rasa
kapanging jiwa nemu tamba
Datan
ana rasa lara lan nalangsa
Kabeh
sarwa suka gambira
A.
Sardi – Solo Baru
Tidak ada komentar:
Posting Komentar