Sabtu, 16 April 2016

PEPUDYAN NATAL



PEPUDYAN NATAL

Sawanngen ing nggegana
Langit sumilak kawiyak – kabukak
Ana cahya nyala wadi sumunar madhangi donya
Sinareng kumandhanging swara,
            Gloria in excelsis deo

Waspadakna kahanan sawetara
Angin mandheg tanpa swala
Sato kewan datan kwagang ngobahake raga
Kabeh padha muja,
            Gloria in excelsis deo

Resepna jroning kalbu
Dewa dewaning dewa kersa tumedhak ing donya
Memba-memba kaya lumrahe manungsa
Ngasta oboring kwasa nedya nebus dosa
Memujia,
            Gloria in excelsis deo.

                                                                        A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar