Jumat, 29 April 2016

PEPILING KANGGO ANAKKU

PEPILING KANGGO ANAKKU
 

 elinga ya ngger ....
 bapak-embokmu iki dudu apa-apamu
 saka sesambungane asmara kang rinakit rasa
 nuwuhake wiji suci
 titipane Gusti kang murbeng dumadi

 elinga ya ngger ....
 bapak-embokmu rumangsa jalma pinilih
 dadi lantaran panguwasaNe
 dadi srana ngukir jiwa lan raga
 ya mung sliramu


elinga ya ngger ....
bapak-embok datan duwe kaya raja brana
duwene mung renda wohing asmara
kang banjur manjilma jalma tan kinira
ya mung sliramu

elinga ya ngger ......
apa kang dadi darbeke bapak-embukmu
ya dadi darbeke sliramu
nanging
durung mesthi apa sing dadi darbekmu
dadi darbeki bapak-embokmu

elinga ya ngger ....
panguwasane bapak-embokmu
mung nuntun jumangkahing laku uripmu
yen wis tekan titi wancine
garising pepesthen 
sliramu kudu lumaku ijen

elingga ya ngger ....
dawa dongane bapak-embokmu
linambaran rasa tresna kang tanpa tidha
ewa semono 
yen isih kawawas luput, salah lan dosa
apuranen bapak-embokmu
kareben gangsar lakuning laku
marak Sang Hyang Wiku.

                                                                                                A. Sardi 

8 komentar:

  1. Durung mesthi apa sing dadi darbekmu,Pak Sardi itu artinya apa , Bagus Pratama 7A/11

    BalasHapus
  2. Bagus Pratama ....
    Tegese: apa sing dadi duweke wong tuwa mesthi dadi duweke anak. Nanging apa kang dadi duweke anak, durung mesthi duweke wong tuwa (Apa yang menjadi miliki orang tua, pasti menjadi milik anak. Tetapi apa yang menjadi milik anak belum tentu menjadi milik orang tua. Bhs. Ind)

    BalasHapus
  3. Pak, napa tegese jumangkahing laku uripmu?
    Gupita parahita/7b/17

    BalasHapus
    Balasan
    1. Gupita .....
      jumangkahing laku uripmu tegese langkah lakune uripmu (Langkah jalan kakimu)

      Hapus
  4. Pak, napa tegese bapak-embok datan duwe kaya raja brana ?
    Putri/29/7a

    BalasHapus
    Balasan
    1. Putri ....
      tegese bapak-embok ora duwe kekayaan

      Hapus
  5. Pak napa tegese murbeng dumadi?
    Felicia/13/7b

    BalasHapus
    Balasan
    1. Felicia ,,,
      Tegese murbeng dumadi yaiku mula buka / wiwitane

      Hapus