KIDUNG PEPILING
dhiajeng ......
lelakoning laku iki
kadya lakuning pasujarahan
winates papan lan wektu
dhiajeng ......
dawaning umur kita
kadya cahya sagebyaring netra
datan lana
dhiajeng ........
gegandhengane jiwa lan raga
mung kari ngeteni titimangsa
teka binuka
dhiajeng ........
bolahing asmara kang karenda
datan bakal rinakit lana
tembe pedhot muspra
dhiajeng ......
yen wus tekan titiwancine
sikil mancik ing regoling swarga
awake dhewe datan bisa swala
....
(A.Sardi)
Pak sardi tegese kidung pepiling iku opo? -Pristinka/32/7A
BalasHapusTinka ....
BalasHapusTegese kidung pepiling. Kidung iku tembang kang isine pandonga. Pepiling iku apa sing kudu diiling-iling. (Kidung itu adalah nyanyian berupa doa yang berisi permohonan dan harapan)
Pak, napa tegese sagebyaring netra?
BalasHapusGupita parahita/17/7b
Pak tegese kidung peliping kui apa pak?
BalasHapus(Jovan/7A/26)