Senin, 18 April 2016

NALANGSA



NALANGSA

nalika hawa rasa iki mendha suda
swaraning sukma ngumandhang sora
mbengokake pamartobat lakuning dosa
mbesem tumindak murang tata

nalika hawaning rasa kerem ing ayem
kasil nata ati dadi tentrem
mbuka korining dhadha nganggo esem
nyadhong tetesing ebun pengarem-arem

: ngapa donyaku isih kablebeg bena
  ngapa lemahku bengkah dening lindhu prahara
  ngapa tiba udan tangis dening ama lan memala
  ngapa sukma kudu pisah karo raga ?

Sardi

2 komentar: