Jumat, 22 April 2016

WELING KANG PUNGKASAN

WELING KANG PUNGKASAN

yen sliramu isih nesu
mbundheli lungkrah laraning kalbu
aja takon marang langit biru
menyang ngendi dunungku

yen sliramu kelangan kapang
pangrasamu nyawang lan ngepang
aja sambat mring watu karang
jumangkahing lakumu wus keplantrang

yen sliramu nedya ngubur edining asmara
kareben mumbul ilang ing gegana
aja duwe rasa rumangsa salah lan dosa
:rungokna swara anak takon bapa.

                                                  A. Sardi

4 komentar:

  1. Pak Sardi Apa Artinya Jumangkahing(Teddy,7a,36)

    BalasHapus
  2. Pak Sardi Apa Artinya Jumangkahing(Teddy,7a,36)

    BalasHapus
  3. teddy... tegese jumangkahing iku lakuning sikil (Langkah kaki:Bhs.Ind)

    BalasHapus
  4. Pak napa tegese keplantrang?
    Gupita/7b/17

    BalasHapus