SAUPAMA
saumpama aku bisa ndhudhah isining rasa
nedya dakwejarake dawaning asmara
marang sliramu kang isih madhep mangu
kareben kalbumu tilanenan asmara biru
saumpama aku bisa ngrenda ukara
kidung dongaku tan bisa dakkunjara
kabeh kaesokake ing sadawaning dalan urip
kareben dadi wewayangan pasujarahan
saumpama njero dhadha bisa binukak prasaja
sliramu bakal cetha trewaca mangerteni ukaraning rasa
kang njedhul lan mrentul kebak kasucian
:mung mligi nyawiji kanggo sliramu
pak tanya pasujarahan kuwi opo(juan/10/7B)
BalasHapusJuan ... tegese pasujarahan yaiku papan kanggo tetirah/donga/semedi (Tempat untuk berziarah/berdoa/bertapa:Bhs. Ind)
BalasHapusPAK TANYA MLIGI KUWI OPO???
BalasHapusPak napa tegese pasujarahan?
BalasHapusGupita/17/7b
Pak Sardi,
BalasHapusArtinipun dakwejarake puniku nama ngih?
(Lulu/22/7B)