PITAKON
Dakpetani maneh
Rasaning
ati kanthi sumeleh
Dakjumputi
maneh
Ukara
dawaning pandonga
:
Gek apa salah lan dosaku
Lakuning laku tansah tumiba ing kanistan
Durung ngati kasil unjal ambegan
Wus kadulu katemban watu maewu-ewu
Daktata
maneh
Kareben
kasil nemu pikoleh
Dakmenepake
maneh
Kabeh
kekarepan kang kapetung aneh
:
Gek paukuman apa kang kudu tinampa
Dene dhendhaning panyangka dosa
Durung panya-panya kaapura
Saiki lir gumanti panandhanging rasa.
Pak, napa tegese kanistan?
BalasHapusGupita/7b/17