Kamis, 30 Juni 2016

PANGLIPUR



PANGLIPUR

Pancen durung titi wancine
Nadyan ngetog daya ngudi karya
Ananging grimising sangsara durung lunga
Entenana sedhele yen wis ganti mangsa
Edhunna ambeganmu kang dawa
Etusna kringet apesmu kang nelangsa

Klasaning katentreman pancen durung gumelar
Isih ngganda dosa kang kita sandhang
Kang samesthine kudu dilelimbang
Nedya diresiki ing sendhang kauripan
Kita ora wajib andarbeni
Kita ora wajib nguwasani
Ananging kita wajib nyrati lan ngopeni

Kita lagi kesandhung ing kasangsaran
Aja sambat lan aja sesipatan
Kudu ditampa kanthi lega lila
Pancen dosa kita kang gawe sengsara
Nutupi gambaraning tresna kang karenda
Sanadyan cetha cumundhuk ing ati kita.

                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                                Sabtu Legi, 13 April 1991

Senin, 27 Juni 2016

WELINGKU



WELINGKU

Tunggunen sedhela wae dhiajeng
Aku sumedya reresik ati ala
Kang tansah rumeget kraket ing karep
Bakal dak guwang ing awang-awang
Kareben sirna sipate manungsa

Caturana rembulan kang kawengen
Gugahen lintang raina kang ora daya
Murih ngirengke petenging wengi
Kebak impen-impen wewangen

Aku titip reroncen marang manuk bence
Kangenku kang wutuh mung kanggo kowe
Mung wae dhiajeng ….
Yen ana kupu putih nyedhaki peturon
Suwiwine kekablak sumanak
Tiniten tresnaku ora bisa diajak balen
Malih dadi irenge wengi
Datan bisa nuwuhake impi.

                                                            A. Sardi
                                                            Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                                            Sabtu Legi, 13 April 1991

Sabtu, 25 Juni 2016

SETYAKU



SETYAKU


Wilangana pira gatraning ati tresna
Pecakana setyaning ati kebak asmara
Pait getir wus tan rinasa lara
Tandhising pikir kaya jroning segara


Setyaku wus kumambang
Ndak renda lan tinata dadi tembaga
Ngganda arum kaya taman kebak kembang
Apa isih arep dilelimbang ?


Bukakna lawanging ati
Aku sumedya ninggal rasa wigati
Datan selak lan nedya nginggati
Tekan titi wancining pati


Setyaku mung siji
Tresnaku mung nyawiji
Asmaraku bakal nuwuhake wiji
Apa isih arep nolak janji ?


A. Sardi
Sampun kapacak ing Gema Kanisius
Mei 1991

              

Kamis, 23 Juni 2016

WELINGE GUSTI

WELINGE GUSTI


Siji kang keri ing pinggiring ati
Nggubed laku madhep mangu
Oyoting tresna tan bisa diselak diswala
Ngepang malang-malang sadengah papan
Ngebaki ayangan nyundhul gegana
Mung kari ngundhuh wohing prasetya
Sesuk yen mega wus tinarbuga
Sedya ndak pisungsungake resiking ati
Mung mligi kanggo gusti.

                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ing Gema Kanisius
                                                Mei 1991

Rabu, 22 Juni 2016

SEMEDI



SEMEDI
Ing tengahing sepi wengi
Dakleremake kahanan kadonyan
Sedya semedi sungkem ing ngarsaning Hyang Widi
Nglelimbang lan nggagas lelakuning gesang
Kang sineksen dening sedulur lanang konang

Semburating ati sedya katiti
Mawa sumunaring lintang lan rembulan
Kang tansah cinaket paring penget
Milang kasangsaran lan kadosan
Kang tinandur ora katandur

Manuk bence kang tansah ngece
Atur panuwunku mung marang kowe
Dene aku wis bisa nemokake aku
Aku wis ngerti sadurunge dingerteni
Aku wis tobat sadurunge mertobat
Ya, ing wanci wengi iki.

                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                                8 Juni 1991