Jumat, 29 Desember 2017

SAKA SUWALIKING KACA JENDHELA

SAKA SUWALIKING KACA JENDHELA

udan riwis-riwis kang ora uwis-uwis
tumiba ing bantala kaya luhing tangis
cumloroting cahya thathit
njengkerutke rasa pengarep-arep dadi alit

satleraman lelakon lawas lumaku
kelingan duk nalika sliramu ing sandhingku
mesem ngguyu mecaki crita endahing asmara
saiki dadi pada-pada gurit rasa lara

peteng lelimengan mrambat anteng
mlebu ing teleng ati kang kabletheng
kelangan sliramu kang tansah nggawe seneng
kapan maneh bisa bareng
mlaku mecaki dalan padhang lan peteng

                                                       A. Sardi  


Jumat, 22 Desember 2017

PENGAREP-AREPKU

PENGAREP-AREPKU

pangrasaku wis suwe anggonku lumaku
pangiraku wis adoh jumangkahing sikilku
nganti aku kentekan sangu
nganti aku kelangan napsu
nanging
ngapa durung ana tandha-tandhaning cahya
kabeh peteng ireng lelimengan

ngapa durung tinemu papan kang katuju
apa ya aku kudu ngampet kanggo sawetara
kamangka
raga iki wis ringkih
raga iki wis kentekan daya
emoh kanggonan sukma.

                                                                 A. Sardi-DL.30-6-2018


Minggu, 17 Desember 2017

ING WEKTU SEBA

ING WEKTU SEBA

dimen nggembol mayuta dosa
ngindhit sawarnaning memala
nggendhong aboting dhendha
kasrimpet maneka rubeda
aku nglenggena
nedya seba
sungkem ing pada Paduka
kang sumare ing kandhang kasangsaran

nadyan dalan iki peteng lelimengan
kebak blethok teles jenes
ngganda bacining layon
tandha sesangganing dosa
aku ngupaya 
sowan lan seba
sungkem ing pada Paduka
kang miyas memba lumrahing manungsa.

                                   A. Sardi

Sabtu, 02 Desember 2017

DALU ADI

DALU ADI

mayuta cahya lintang gumebyar
madhangi jembaring jagad dadi gumelar
nuntun para pangon rinikat mlajar
ngupadi papan Sang Pangon mbalabar

para malaikat samya ngidung pepudyan
muji kaluhuraning Gusti kebak kamulyan
nedya seba misungsungake kabungahan
swarga binuka kanggo ngentasake kasusahan

telu raja brahmana saka bang wetan
samya sedheku sujud caos pakurmatan
mring Sang Timur kang ngasta kabegjan
nedya paring karahayon lan panebusan

                                                     A. Sardi

Selasa, 28 November 2017

PEPELING

PEPELING

mayuta pawarta nggeterake dhadha
nyelekake mata nyawang kahanan njaba
buka pangrasa rasaning manungsa
kang nandhang cilaka lan bebaya

banjir nggawe ati ketar-ketir
nyempyok raga tuwuh rasa kuwatir
sewu swara penthong titir
nggiring lakuning urip kudu minggir

sadengah papan tinemu lemah longsor
lakuning sukma kaya-kaya kelangan obor
saweneh mitra rumangsa nasibe asor
sirah ngelu rinasa kopyor

ing tengahing wengi kaprungu swara jerit
sambat ngaluwara pambengoke kawula alit
kang padinan rekasa saiki tansaya kajepit
nyawa ing bun-bunan kaya kasamber thathit

iki dudu pacoban
iki dudu panandhange alam kang edan
nanging ....
iki saklamit pepeling.......

                                                                                   A. Sardi

Minggu, 26 November 2017

NGLANGUT

NGLANGUT

sang bagaskara wus manjila
ngupaya mbuka korine gunging donya
dimen cetha trewaca tumindak becil lan ala
cinathet ing lembar-lembar buku padinan

nanging tanpa kinyana lan kinira
raga iki tan ana jiwa lan daya
ngetutake laku mrambate wektune dina
ngglenggena ngetung dawa lan akehing dosa

tekan kapan dosa kinapura
tekan kapa korining swarga binuka
durung pedhot ukaraning donga
wus klelep ing gantining mangsa

ing ngendi arah dununging urip mulya
sikil tansah tumapak ing lendhuting sangsara
raga kagubel lan kagubet sawarnaning memala
ilang kasempyok ing panguwasane maruta

apa aku kudu ndheprok
nadyan wis ora bisa alok ?
apa aku kudu katut
ing swasana nglangut ?

                                                                                A. Sardi

Selasa, 14 November 2017

GRIMIS ING WAYAH SORE



GRIMIS ING WAYAH SORE

Saka suwalike cendhela kaca
Sliramu ngegla tumeka nyedhaki rasa
Nggegem asmara kebak kapang dawa
Nedya kopisungsungake marang katresnanmu

Udan grimis riwis-riwis
Tan ngagwe kendhoning sedya
Tan bakal dadi pepalanging asmara
Kok trabas
Kok tebas

Tumekaning papan palerenan
Sliramu kuciwa
Kembang tandha tandhaning asmara
Alum tan mbabar ganda arur
Klebus ing banyu udan


Kapan kapang iki bakal tumangsa
Mandheg njero dhadha dadi nafsuning asmara
Kang gumlethak ing banyu kang nelese bantala
o... udan grimis ora uwis-uwis

A.      Sardi

Senin, 13 November 2017

TURUTEN DALAN IKI

TURUTEN DALAN IKI

nadyan rumpil
kebak watu lan krikil
ngremuk atimu dadi grumpil
mecah kekarepanmu dadi cuwil
tetep turuten dalan iki

nadyan kudu lumebu ing pepeteng
 lan kudu tumiba ing dhasaring luweng 
dadekna siji karep lan atimu dadi kenceng
tembe bakal nemu urip kang seneng
tetep turuten dalan iki

nadyan kudu miyak palanging kasangsaran
aja sumelang sukma bakal ilang
laku iki bebasan pasujarahan
tumuju papan kamenangan
tetep turuten dalan iki

dalan iki
minangka pepesthi
dalan iki
minangka lawang suci
dalan iki
nggiring urip suci
....................

                                                              A. Sardi



Senin, 06 November 2017

MENDHUNG ING WEKTU AWAN

MENDHUNG ING WEKTU AWAN

apa sedyamu manjing ing sadhuwuring wuwung
kumalungkung tan duwe rasa keduwung
apa pangiramu, sliramu dhewe kang adiluhung
anglungna praupamu ing tirtaning kedhung
atimu pranyata kebak blatung

mendhung kang kumalungkung
durung wancine kowe mentiyung
nyandhung swara kidung
nggawe bingung

                                                         A. Sardi

Minggu, 05 November 2017

KANUGRAHANING BERKAH

KANUGRAHANING BERKAH

manungsa iku mung jejering titah sawantah
kasinungan rasa susah lan bungah
kadhang entuk pangalembana lan cecamah
kabeh minangka berkah lan bebungah

manungsa iki prasasat dhedheraning wijen
kang tansah sesambungan ora ijen
nanging aja ngoyak lan njagakake kajen
apa maneh ngareparep bakal kopen

manungsa iku prasasat dahana
bisa mbesem sakabehing bandha bebana
kang bisa muspra ra bakal lana
nanging bakal dadi mitra paweh cahya

manungsa iki tan beda kaya tirta
nggawa memala lan bebaya datan cecala
nanging bakal dadi leganing rasa jiwa
yen kapiara mawa rasa rasaning tresna

urip iki anugrah
laku iki berkah
dadi crita bungah lan susah
pasrah................

                                                                     A. Sardi

Minggu, 29 Oktober 2017

NGUDI JATINING DHIRI

NGUDI JATINING DHIRI

aku iki sapa
reca rinipta raga lan sukma
kang tansah nglelana ngudi sampurna
dlajah desa - miyaki wana
nrabas ing sadawaning mangsa
tanpa winates mring lara lapa
nggembal dosa kebak memala

aku iki sapa
kang tansah lumaku ing  kumalungkung
nedya nundhung gedhene gunung-gunung
pungkasane geglundhung ing kedhung
kasepyok ing petenging mendhung
tumiba ing alam keduwung

aku iki sapa
aku iki sapa
aku iki sapa
o... gusti

                                             A. Sardi

Kamis, 26 Oktober 2017

ATI ATIS ING TENGAHING GRIMIS

ATI ATIS ING TENGAHING GRIMIS

sedyaku bakal ngidung
ing sangisoring payunging mendhung
nanging kang dumadi
kabeh bisu kesilep ing tengahing wengi
kang sepi kepranggras kahanan sepi

ati atis
ketetesan tirtaning grimis
ngupaya nggambar lakuning laku tipis
krasa kaya den iris-iris
tumiba ing luh tangis

swaraning rasa njerit
kaya puncrataning thathit
nggawe urip kaya kajepit
ngrasakake pait.

                                                 A. Sardi

Selasa, 24 Oktober 2017

KACA PANGILON

KACA PANGILON

sejatine aku ora nedya ngerti
sapa sabenere aku iki
nanging saka getering ati
aku kepeksa wani mbukak wewadi
dimen mangerteni dhiriku pribadhi
kang tansah kinurung ing ruji-ruji wesi
mecaki dawaning wektu tanpa isi
ngidungake donga ora marang Gusti
nanging kareben bisa enggal tumekaning pati


kaca pangilon
saiki aku wis klakon
ombyaking uripku kang tansah ceciblon
ora ngrewes yen iku mung dhapur sesinglon

                                            A. Sardi




Minggu, 22 Oktober 2017

KABAR SAKA PASAR

KABAR SAKA PASAR

ujare bakul godhong gedhang:
dheprokane wis ora dilirik
apa maneh ditekani
ujare kabar,
kanggo mungkus barang wis orang nganggogodhong gedhang
luwih praktis lan prasaja nggunakake plastik weton pabrik

ujare bakul bumbon pawon
kang dagangane dadi garing nglenthing
malih dadi banyu kang mili saka mripat
mlumpat dadi bumbu-bumbon weton pabrik
iki owah-owahan apa
iki firasat apa ?

                                                         A. Sardi

BIRUNING BEBENDHU

BIRUNING BEBENDHU

lakuning laku
cumeblok ndheprok ora bisa alok
tumiba ketaman sengkala cilaka
siji durung kasil mentas
ketindhih prekara liya
sing luwih abot ing rasa
kaya kateban sela mayuta-yuta

dawaning pangrasa
wis ora kwagang ngrakit donga
kabotan benedhuning dosa
ninggal tatu-tatu rupa biru
nyrimpet laku
bjiret kalbu
kaku

biru biruning bebendhu
suwe rinasa
saya ngambra-ambra
angel diupaya tamba
dadi memala
dadi dosa
kang lana.

                                                              A. Sardi


Sabtu, 21 Oktober 2017

ADONING URIP

ADONING URIP

urip lan panguripan iki prasasat andon
kabeh padha ngudi kamenangan
kabeh padha ngoyak kalunguhan
kabeh padha ngudang bandha kadonyan
saweneh usada diupaya
merjaya lan ngruda peksa maneka cara
ora ngrewes pepadha
ora nggape wektuning mangsa
apa maneh nerak paugeraning pranata
angger-anggering agama uga dipeksa
kareben netes sakabehing sedya

urip lan panguripan iki prasasat andon
kabeh kepengin ngoyak nak lan kepenak
kabeh padha ngudi ajining dhiri
kang sejatine winates ing wektu
kabeh bakal muspra
kabeh bakal tumiba
kabeh bakal sirna
ing pungkasaning jaman.

                                                              A. Sardi

Senin, 16 Oktober 2017

BIRU BIRUNING KAHANAN

BIRU BIRUNING KAHANAN

aja pisan-pisan sambat ora kuwat
nampa sawarnaning mkjizat
kabeh bakal nuwuhake rasa nikmat
kangginawa tumekaning kiamat

aja pisan-pisan nggresula
lelakon iki dudu memala
apa maneh nggawa cilaka lan piala
sumedya nuntun tumekaning kala

aja pisan-pisan nampik becik
batin iki nedya temumpanging pancik
nadyanta mung jejering dhingklik oglak-aglik
nanging ing tembebakal nggendhong melik

                                             A. Sardi

Kamis, 12 Oktober 2017

PEDHUT-PEDHUT PUTIH

PEDHUT-PEDHUT PUTIH

nalika panyawang iki kengokan dalan




raga tumiba njrebabah ana lemah

datn bisa sambat lan swala
menyang ngendi papan dununge sukma
kang kekintrang lelumbang ing sadhuwure sendhang
kang tumangsang ing pang-pang garing
kang banjur kasempyok angin gung
ilang tanpa tilas lan pungkasan
apa ya kudu ngene tanduran kabecikanku
nadyan aku ikhlas lan pasrah
apa kang dumadi  muga enggal purna

                                                                     A. Sardi

Selasa, 10 Oktober 2017

PUTIHING SEDYA

PUTIHING SEDYA

apuranen aku yen kumawani teka
sedheku ing ngarepmu datan diluru
nggelar ati putih gambaraning katresnan
kang tinandur pirang-pirang taun tanpa ngepang

leremna atimu
punjerna pangrungumu
aku nedya crita
putihing sedya
ngandhut rasa rasaning asmara
ing pangajab kowe gelema nampa

gelaren jembaring rasa
ayo bareng lelangen ngudi palereman lana
nyawijekake sedya
ngunggahi dhamparing kencana
mapag cahyaning kamulyan

bundhelana janji suci iki
kaya putihing sedya
lugu lan nyata.
                                                                                                     A. Sardi

IRENGING LELAKON



IRENGING LELAKON

Peteng lelimengan
Sakabehing panyawang
Kelangan keblat papat
Kadohan tekening laku

Adhuh ...
Ngapa dalan iki ireng
Kebak watu sandhungan
Ngganjel pengarep-arep jumedhul

Ireng lan peteng
Nutup sakabehing panyawang
Mbumpet rasaning ati
Apa kaya ngene iki kahanane nraka jahanan ?

                                    A.Sardi

Minggu, 08 Oktober 2017

BANG BANG ING IRING WETAN

BANG BANG ING IRING WETAN

bang-bang jumedhul ing sadhuwuring grumbul
nawakake esem kebak kaendahan lan kabungahan
marang sakabehing titah sawantah
marang bumi sawegung
marang dina
marang wektu

bang-bang nggawe garis cahya ing jero dhadha
tandha cekake donga panyuwunan kinabulna
kareben kabeh nyaket ing rasa
rasa tresna
rasa sujana
rasa gumbira
rasa kapang
rasa keplantrang
rasa numusi dosa

bang-bang ing iring wetan
tekamu suwe dak tunggu
kanggo mecah beninging bun-bun suci
dimen gelema sesambat
dimen gelema mertobat
sukmaku datan bisa kesrakat
mlayu kaya bledheg ing mangsa kapat.

                                                          A. Sardi

BIRUNING ATI

BIRUNING ATI

ing gisiking pesisir kidul
panyawangku nglambrang kadohan
ngupaya miyak lan mbukak ombak
ngredhem swara alun
bareng karo sumiyuting angin kangen

biru biruning ati
mbabar ginambar kaya ing plataraning samodra
aku ngupaya takon:
kapan tatu biru tatuning ati iki bakal ilang
kapan  bisa dak resiki saka reregeting wedhi
suwe aku ngupaya ngupadi
papan pasucening aji

biru biruning tatu ati
angel diusadani
angel ditambani
siji kang dadi kunci saka wisiking tirta adi:
pamartobat
dudu pasambat.

                                                           A. Sardi

Selasa, 03 Oktober 2017

AKU DAKDHISIKI

AKU DAKDHISIKI

yen ana keparenge jawata
kang paring urip lan panguripan iki
lilakna aku ndhisiki
kaya panyuwune swargi bapak

yen ana keparenge gusti
panyuwunku mung siji
aja nggawe kaget lan cilaka
syukur kebak ing kidung donga

yen dalan iki kebak kacilakang
kareben aku kang ngrasakake sepisanan
dimen kabeh duwe kaca pangilon
nuladha laku kautaman

yen laku ini ndungkap ing pepeteng
aja duwe pangira aku sesambat cilaka
malah suwalike ...
aku ketaman klasa gumelar
kaya gundhul kinepetan.

                                                         A, Sardi

Minggu, 01 Oktober 2017

LILAKNA

LILAKNA

lilakna sawetara ...
aku ngumbara mabur nggegana
nedya ngudi dalan korining swarga loka
nrabas mring petenging pedhut-pedhut dosa

lilakna sawetara ...
aku ambyur ing biruning samodra
ngupadi sumbering tirta suci pasucening ati
dimen salawase nemahi kamukten ing pati

lilakna sawetara ...
dlamakaning sikil mancik ing pucuking sela arga
aku nedya sila sedheku ngadhep Hyang Wiku
dimen diapura kabeh dosa kaluputanku

lilakna sawetara ...
aku ngambah korining kabegjan
lumebu ing papan paseban pungkasan
aku mung bisa pasrah lan sumarah.

                                                            A. Sardi

SURYA KANG CIDRA

SURYA KANG CIDRA

saben esuk daktunggu tekamu
nggawa kabar cahyaning asmara
kang ginambar ing ing ayangan
dimen bisa ketetesan kasetyanmu

nanging lakuning wektu ngancik sore
praupamu datan katon ing tawang
kesaput mendhunging dosa kang dawa
apa kowe bakal mutusake cidra ?

saiki aku rumangsa kijenan
kelangan esem sumringahmu
kang tansah bisa nuwuhake rasa tresnaku
setyamu bisa nggambar kapang biru

tekan kapan aku kudu kijenan nunggu
badharing kasetyanmu ing puncaking pengangenku
nedya kanggo sangu nerusake lakuku
ngambah ing puncaking redi katresnanku.

                                          A. Sardi

Jumat, 29 September 2017

CAWANGING ATI

CAWANGING ATI

karep iki wis
    madhep
    manteb
ati iki wis
    tumali
    dadi siji
    urip nyawiji
datan bakal mangro
ora bakal mindho

rasa tresna iki
tan bakal 
nyawang
ngepang
binagi

urip iki
mung mligi
ngudi
suci

                                        A. Sardi

Kamis, 28 September 2017

ALBUM LAWAS

ALBUM LAWAS

salembar mbaka salembar
dakbukaki kelangenan lawas
kang ginambar ing suwaliking gambar
kebak crita dawa kang ngambra-ambra

sawetara kandheg pandelenganku
nyawang praupamu kebak esem guyu
ayu lugu durung konggreh salah lan dosa
kebak wewayangan rasaning asmara

eman dieman
sliramu dulu kekarepan
ngoyak gambaraning gegayuhan
ngonceki pepinginan

album lawas
saiki nglarah ana lemah
datan bisa jinamah
mbesem sejarah
bungah.

                                                        A. Sardi

Senin, 25 September 2017

UDAN SEPISANAN

UDAN SEPISANAN

wis suwe anggonku nunggu
tumetesing banyu Mu nelesi atiku
kang ngelak lan kangen panyapa
kena panas lan ganasing bagaskara
cilaka
sangsara
nalangsa
wutuh ngumbara ing njero dhadha

nanging,
saiki rasa anyes mrambat ing angga
ngrasa ayem tentreming sukma
puja puji syukur
katur Hyang Makuwasa
muga dalan kabegjan tansah tumenga
salami-laminya.....


                                                    A. Sardi

Kamis, 21 September 2017

ANGIN ESUK

ANGIN ESUK

tekamu tanpa tinalu
nggawa crita maneka warna
malah ana siji sing kasil
mlebu ing korining ati
banjur kumawani crita
ing saperangan donya tinemu prahara
padha ketaman lelara lan cilaka
ra bisa uwal
apa maneh swala

angin esuk
leremna atiku sawetara
kanggo ngilo apa kang wis dumadi
kareben nemu goreh gotrehing ati
siji talining dosa isih njiret dhadha
nyumpel rasa pangrasaning manungsa
nggegegi kuwasa
manjingake rega
mung mligi mentingake angga

                                                                        A. Sardi

Selasa, 19 September 2017

DINGATI-ATI LAKUMU

DINGATI-ATI LAKUMU

urip iki kaya lakuning laku
tumuju papan kang durung bisa kaluru
tumuju papan kang durung nate kaprungu
kabeh weayangan sarwa tinemu biru

sajroning ngisi wektu ing sadawaning laku
aja suka gumuyu yen nemu bab kang lucu
aja banjur pasrah turu yen lumebu ing ketriwu
kudu ditampa, aja ditolak

pancen....
lakuning laku akeh watu
memala lan bebendhu mupusake sedyaning kalbu
godha lan lelara nyawiji ing wektu
mula dingati-ati lakumu.

                                                             A. Sardi

Senin, 18 September 2017

APA KOWE ISIH KELINGAN ?



APA KOWE ISIH KELINGAN ?

Nalika mlaku bareng
ngunggahi puncak redining asmara
nggendhong janji-janji suci
kang tumali ing driji ?

nalika lungguh jejer
ngilo ing tirtaning tlaga biru
nangkepake ati prajanji
nedya urip nyawiji ?

nalika nyabrang banjiring kali
kebes teles mecaki rasa ati kang pedhes
kareben ora nemahi punthes lan apes
nganti urip iki pepes ?

A.      Sardi

KAMAR TAMU

KAMAR TAMU

adoh lelamunanku
nrabas ing suwaliking gambar esemmu
kang gumantung ing sandhing papan palungguhanku
ing kamar tamu
ya ing papan iki
aku lan sliramu nate tinemu
ngrenda endahing asmara
ngrakit racikaning ukara
kanggo pancadan ngambah jagad anyar
kareben tembe ora tansah kumambang
kareben ing tembe ora tansah klelep ing edaning jaman

ing kamar tamu prasaja iki
crita isih cetha bawera
tanganku ngremet-ngremet drijimu
sliramu pasrah sumarah
tanpa ana rasa getun lan keduwung
tanpa ana mayuta tetimbangan
kanggo nolak lan swala nampa katresnanku
kabeh dadi cathetan kang katulis ing kalbu

kamar tamu saiki malih dadi biru
aku lan sliramu wis ngancik ing pucuking wektu
sakabehing laku
sineksen ing wewayangan kabungahan
nggugah rasa katresnan
kang saiki isih kebak wewayangan.

                                                     A. Sardi

Minggu, 17 September 2017

SWARA ENDAHING PEKSI

SWARA ENDAHING PEKSI

aku ngerti isining pasambating atimu
kang ngumandhang ing ocehanmu
kowe kepengin uwal saka njero kurungan
kowe pengin ngrasakake kamardikan
aku lila ngrasakake panandhangmu
kang pengin ngegarake elar-elarmu
nanging mangertia peksiku
aku rumangsa kalipur mring ocehanmu

aku ngerti kowe kepengin bebas
ngupadi papan lan pangan kasenenganmu
nanging pangiraku
kowe luwih mulya yen melu aku
aku nedya dadi batur tukonmu
nyawisake pangan
nyawisake papan
nyawisake omben-omben
ngresiki reregetmu
njaga kasarasanmu
ngedusi
malah kepara aku ngudang
malah kepara aku nggegadhang
kareben jiwamu manunggal karo jiwaku
wis kepenakna uripmu......
kidungna swaraning rasa njero atiku
kareben aku bisa nemu Gustiku.

                                                 A. Sardi


Jumat, 15 September 2017

KEMBANG MAWARKU

KEMBANG MAWARKU

nyawang praupamu kang endah
ilang sakabehing rasa susah
atiku tuwuh rasa bungah

...................................... 

Kamis, 14 September 2017

ING SADAWANING MANGSA KETIGA

ING SADAWANING MANGSA KETIGA

ing pucuking mangsa ketiga
rasa hawa njero dhadha
ngluwihi panasing nraka
sambat ngaluwara nggetuni dosa
kang manjing lan nggubel sukma

ing sadawaning mangsa ketiga
ati tan kuwawa nyangga sangsara
tumiba njrebabah ing bantala
kekeceh mayuta-yuta dosa
mung kari nampa paukuman lana

ing ganasing mangsa ketiga
sukma ngumbara ngubengi donya
nggolek papan bawera tanpa kanca
ngelak ing rasa welas asihing tresna
kang ilang nalika lelumban ing donya

                                      A. Sardi

Minggu, 10 September 2017

MARUTANING ASMARA

MARUTANING ASMARA

ngapa sliramu tumeka
kamangka wis sangang mangsa
nulis prajanji pesthi
sliramu wus kabotan sanggan
nyrati lan ngopeni wiji sucining katresnan
nganti saiki kabur kanginan

ngapa sliramu tumeka
nggawa ganda dosa sumebar bawera
nuwuhake rasa lara kang wis sawetara wektu kabesem
klelep ing dawaning mangsa
mecah laraning asmara

           A. Sardi

Rabu, 06 September 2017

MUNG SATLERAMAN

MUNG SATLERAMAN

apa mripatku kapusan
nalika papasan ora kelingan
sliramu kang sawetara ngumbara
saiki memba-memba lumrahe wong manca

rikma njanges ireng thuntheng
dirudapeksa kareben tuwuh warna liya
nadyan ora mingsra lan padha karo kahanan liya
ora jumbuh mring lumakuning mangsa

panganggomu kang biyen rapet binebet
saiki kaya mbukak mata nuwuhake rasa
lambe nggedumel kebak pitakon
apa iki minangka tandha mobah mingsete jaman


                                                            A. Sardi

Selasa, 05 September 2017

MEGARING SEKAR

MEGARING SEKAR

esuk nggawa kabar anyar
mbukak esem gumebyar
ati bungah nampa kabar
sliramu teka nyangking sekar

megaring sekar binabar
talining katresnan njiret prajanji
kang sawetara wektu kumambang
ngoyak wektu lan ngupadi papan

megaring sekar bisaa dadi tandha
rasa tresna kang ngumbara ngupadi tamba
dimen ana pepesthen
mrambat ngripta endahing pangimpen

dawa dongaku
kumlawe pengarep-arepku
muga sekaring ati tetep megar
aja nganti alum ing blethok ireng

dhuwur gegayuhanku
muga megaring sekar bisaa langgeng
tumekaning alam pungkasan
tetep gegandhengan.
                                               A. Sardi

Senin, 04 September 2017

ING REGOL IKI

ING REGOL IKI

aku nunggu tekamu wiwit wingi
bareng karo ocehing manuk prenjak
kang sumanak lan gumapyak
miyak dalan gampangane marak

landhung kidung dongaku
dimen lakumu tan antuk sandhungan watu
nggegem esem wohing katresnan
kanthi pepudyan kabungahan

ragaku krasa anyep njejet
kajiret ing alam kangen kang mbleret
apa sliramu bakal wani cidra
ninggal janji cumenthel ing ati

yen pepesthen iki kudu daktampa
aku pasrah marang putihing mega
kareben sinucen ing tirtaning tlaga
kudhung endahing kembang setaman

                                                     A. Sardi

Jumat, 01 September 2017

ING TAPEL WATES

ING TAPEL WATES

tumapaking sikil ngancik ing garis
tapel watesing susah lan bungah
madhep mangu tan tinemu-temu
arep mundur keweden ing ajur
arep maju ketriwu ing bebendhu

rasa iki ngumbara ing gunging wana
ing watesing mangsa rendheng lan ketiga
mrana apa mrene isih sumendhe
arep ngombe kentekan banyu gege
arep dhedhe kabletheng petenging srengenge

ati iki cumeblok ing tengahing laku
ing tapel watesing urip lan pati
bingung milih dalan endi
urip mung gumantung ing nasib
mati wedi mring dosa kang mungkasi

panyawang iki kabur dadi kuwur
mencok ing antarane padhang lan peteng
kabeh sarwa dinulu tanpa cetha
padhang nrawang kadurakan
peteng nggembol kasangsaran

pengarep-arep iki wus cuwil
saperangan kandheg ing jurang
saperangan mabur ing awang-awang
angel diranggeh
angel digayuh

pungkasane dhadhal tumetes ing luh
angluh kabotan panguwuh.

                                                           A. Sardi

Rabu, 30 Agustus 2017

PENGANGEN-ANGEN

PENGANGEN-ANGEN

nalika jumangkahe sikil isih secuwil
atiku mung kasil ngrasa rong prekara
seneng lan susah lelakoning lak
adoh lan cedhak kekepan katresnan
larang lan murah esem sinungging

nalika aku kasil munggah ing tataran kapisan
akeh tinemu reridhuning kalbu
aku rumangsa kijenan ing tengahing karamean
aku rumangsa kadohan ing katresnan
aku rumangsa ora duwe Pangeran

saiki ngancik ing tataran kapindho
pengangen-angenku owah ngoyak urip kepenak
kabeh kabutuhan sarwa cumepak
yen bisa kabeh sarwa dadi darbekku
mula aku ora ngetung tenaga lan wektu
mburu hardaning napsu

munggah ing tataran kaping telu
rumangsaku kabeh wus dak dilat
rumangsaku kabeh nate dak rungu
rumangsaku kabeh nate sinawang
nanging ngapa kabeh sarwa isih kurang

saiki sikilku gumeter
ancik-ancik watu tandha tadhahing laku
anguk-anguk luwenging kubur peteng
pasrah bongkokan marang sing kwagang
misungsungake sakahebing pokal lan pakaryan
ngetung cacahing dosa minangka dhendha lan paukuman

pupus punthes pengangen-angenku.

                                                           A. Sardi


Selasa, 29 Agustus 2017

KANGEN

KANGEN


sewu mangsa atiku ngumbara
ngupadi tamba kangen kang tumangsan ing pang garing
pingin medharake saweneh crita lelakoning laku
kang ngaru biru ing jembaring tlaga biru

aku ngupaya ngilo ing tirtaning tlaga
oh, ngapa praupaku kebak tatuning dosa
aku tansah nggawe lara lan cilaka
marang sliramu kabeh kang isih putih

saiki lakuku wis sumendhe ing regoling lawang pungkasan
anguk-anguk nyadhong pitulungan
dimen para malaikat mapag tekaku
mlebu ing pangadilan pungkasan.

                                                      A. Sardi

Jumat, 25 Agustus 2017

PIWELINGE PARA SEPUH

PIWELINGE PARA SEPUH

suk emben yen ana rejane jaman
 tanduran kang tuwuh ing pinggir kali
aja lali diopeni
diuri-uri
kareben tansah semi
biSa mesem ijo royo-royo

suk emben yen ana rejane jaman
lemah pekarangan aja diujar
ditanduri bonggol 
wesi kang tan aji
kepara
openana kareben thukul ara-ara
mbok menawa bisa dadi panguripane nyawa

suk emben yen ana rejane jaman
gumuk kae aja digundhuli
kareben ngore kaya sunare srengenge
mbok menawa bisa kanggo tamba
larane ati kang nalangsa

ssuk emben yen ana rejane jaman
kedhukan sumur kae aja kotableg
kareben mloho cetha
kaya luh tangis kang mili ing pipi
ayo kabeh diopeni

                                                                                                                                       A. Sardi