KUNCI KENCANA
menawa
korining ati angel binuka
kesumpel rasa
angkara murka
ginanjel rasa
rumangsa dosa
kapencokan
lara lan memala
lungguh
sedhekua lan ndedonga
nyuwun mring
Hyang Makuwasa
dimen
diparingi kunci kencana
menawa
kekarepanmu datan manjila
kesandhung
watu mayuta-yuta
kabotan
reridhu lan panalangsa
kasrimpet
mring talining rubeda
meneng lan
mesua cipta
aturna
sakabehe rasa marang Hyang Makuwasa
dimen
diparingi kunci kencana.
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapuspak sardi mau tanya apa artinya panalangsa? (andy_7B_03)
BalasHapusPak Sardi apa itu kapencokan pak?? (Chelsea_8_7B)
BalasHapusPak sardi manjila itu apa?(nia,7b,16)
BalasHapusPak napa tegese memala?
BalasHapusGupita/17/7b