Jumat, 28 Oktober 2016

PEKSI-PEKSI SUCI



PEKSI-PEKSI SUCI

Lar-lar megar nyebar kabar
Mbuka ati amrih gumelar
Wektu lumaku datan sabar
Methik kembanging sukma dadi anyar

Oh, peksi-peksi suci
Tulung tuduhna jlantraning ati
Saiki anguk-anguk ing kori
Kang kangen endahing swargi

Yen isih ana wektu
Tetesana ilatku kang kaku
Mawa bun-bun kaluru
Kareben lancar pangucap dongaku.

                                    A. Sardi

Kamis, 27 Oktober 2016

PEDHUTING LAKU



PEDHUTING  LAKU

Ireng
Peteng
Nggenthaweng
Nutup kalbu
Ngreridhu laku

            Pedhuting laku
            Kapan bisa kawiyak
            Kapan bisa kabukak
            Aku kadohan sanak

                                    A. Sardi

Rabu, 26 Oktober 2016

BAITANING URIP



BAITANING URIP
(refleksi ing tengahe Gilimanuk)

Adoh temen sangkan paraning laku
Kiwa tengen tinemu banyu ngaru biru
Santering maruta ngobahake baita
Lumaku anteng ing sadhuwuring samodra

Ukaraning pitakon manjila
Menyang ngendi lakuning uripku
Yen dhadha sinumpel aboting dosa
Yen raga kapanjingan godha lan memala

Ing sadhuwuring baita jumambang ing Gilimanuk
Sukmaku nedya anguk-anguk raga kang tanpa daya
Apa isih kepareng nunggal samekta
Ngetutake ombak kang sumilak ?

                                                            A. Sardi

Selasa, 25 Oktober 2016

BEBENDHU ING BEDHUGUL



BEBENDHU ING BEDHUGUL

Tak enteni tekamu
Sinambi nglempit lambe biru
Ngremet dlamakan tangan tanpa cekelan
Saka ngendi njedhule bebendhu

Dakunggahi dhuwuring gumuk bedhugul
Kareben trewaca mayuta sesawangan
Mripat njelalatan nyawang kebat papat
Kuping ngrungu pamisiking angin adhem

Nanging …
Bebendhu tetep dadi bebendhu
Nggawe kakuning kalbu
Kelangan enggoking laku.

                                                 A. Sardi

Senin, 24 Oktober 2016

ING SADAWANING PESISIR NGLAYAR



ING SADWANING PESISIR NGLAYAR

Aku nate takon marang srengenge
Apa isih ana dina kanggo jiwaku
Ngidungake panandhanging kalbu
Kang kerem ing tengahing samodra biru

Aku nate kandha marang banyuning segara
Menawa swara pawarta ombakmu tanpa guna
Apa maneh kasil ngedhem panasing jiwa
Kang kelu ing prahara

Aku nate ngudarasa marang jembaring pesisir
Ing papan iki bak dakubur dosa-dosaku
Kareben entheng sangganing laku
Marak ing ngarsaNe Gustiku

O … pesisir Nglayar
Aku wis ora kwawa ngadhepi rasa sabar
Aku kepengin kowe enggal mbabar
Kapan klasane sukma bakal ginelar

                                                A. Sardi