Sabtu, 22 Oktober 2016

NAPAK TILAS ING GILIMANUK



NAPAK TILAS ING GILIMANUK

Ana rasa kang ora bisa direnda ing ukara
Kumambang ing banyu segara Gilimanuk
Kabur bareng sumiliring maruta
Kabur kumleyang ing awang-awang

Ing dermaga Gilimanuk
Atiku anguk-anguk
Apa isih ana manuk camar nggawa kabar
Saka tanah sabrang papaning katresnan

Gilimanuk …
Saka cumloroting lampu-lampu prau
Ing ngendi kosimpen wewayangan kenya katresnanku
Aku nedya napak tilas ing ngendi sisaning kapangku.

                                                            A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar