DALAN
ING PALASARI
Sepuluh taun kepungkur
Sikilku mecaki lemah abangmu
Ninggal tilas biruning kapang
Kumambang ing sadhuwuring tlaga
Sepuluh taun kepungkur
Sumunaring bagaskara ngenam rasa
Mancik ing sadhuwuring arga
Ninggal ukaraning asmara
Sepuluh aun kepungkur
Rasa paseduluranku sumulur
Ambyur ing jagat panglipur
Marang sedulur lan leluhur
Sepuluh taun kepungkur
Ora bakal dak lalekake tumekaning saiki
Aku kepengin maneh mbaleni
Rasa kang ilang ing awang-awang.
Palasari-Jembrana-Bali
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar