ING
PINGGIRING PANCURAN
Ing dhuwur watu item gedhe iki
Aku lan sliramu Nate lungguh reraketan
Kaya raja lan ratu nglenggahi dhampar
Andon asmara kebak endahing sesawangan
Ing
pinggiring pancuran iki
Sirahmu
sumendhe pasrah ing pundhakku
Rasa
asmara mili tan kendhat kaya ilining banyu
Kaya
lelangen ing alas karoban tanpa rewang
Ing
pinggiring pancuran iki
Aku
lan sliramu nate medhar janji
Sineksen
keyong loro nggremet reruntungan
Lelumban
ing sajroning banyu bening
Ing
pinggiring pancuran iki
Ana
tangis kabungahan
Badharing
setya gumrojog kaya ilining banyu
Aku
mung sedya sedheku …..
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar