KAMAR
SUWUNG
Pitulas
taun kepungkur
Atine
bapak embokmu bungah kaya ketiban ndaru
Pengarep-arepku
Muga
kowe bisa dadi panglir lan nambahi daya semangat uripku
Rolas
taun kepungkur
Kidung
donga kekudangane bapak lan embokmu
Ngumandhang
ing pojok-pojok kamar
Enggala
mrabat nurut iining jaman
Bisa
nyecep ilmu ing pamulangan
Eba
bungahing atine bapak lan embokmu
Ing
kaca pangilonmu
Wis
ana gambar prapamu kang ngemu cahya sumunar
Gedhe
pengarep-arepku
Kowe
dadi pengarep-areku
Sepuluh
taun kepungkur
Bapak
lan embokmu kasil nuntun lakumu
Masrahake
kekudanganku marang Gustimu
Sawenenh
sedulur padha paweh donga panglipur
Paweh
panjurung murih lakumu nemu mujur
Limang
taun kepungkur
Kowe
tansah lungguh ing pangkone bapak lan embokmu
Gegandhulan
rasa emoh pinisahake
Bebasan
ana bakap embokmu… ya ana kowe
Rong
taun kepungkur
Sajake
kowe emoh dak gandheng
Emoh
nyandhing bapak lan embokmu
Nanging
aku ngerti …
Kowe
ora daya tanpa bapak lan embokmu
Apa-apa
sarwa sambat
Eman,
kowe durung bisa ngrumat gegayuhanmu
Saiki
…
Kowe
wani nglari
Nglungani
bapak lan embokmu nenepi
Kebak
pengarep-arep
Nunggu
balimu
Kang
tanpa tuju
Saiki…
Kamarmu
suwung
Kaya
kasepen ing impen
Prasasat
Kamarmu
mung dadi susuhmu
Cukup
mung kanggo turu
Kala
mangsane kowe rumangsa eling
Saiki
…
Aku kangen kowe gelem gegojegan
Kaya
nalika dolanan jejaranan
Kaya
nalika nembang lagu dolanan
a. sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar