Minggu, 09 Oktober 2016

RON-RON AKING



RON-RON AKING

Lakuning urip ngupaya nenepi
Ngupaya ngonceki jatining dhiri
Ngupaya miyak wewadi
Ngapa jiwa manjing ing raga
Nanging tanpa ana rega pengaji
Kaya ron-ron aking
Kabur kumleyang tanpa pepesthen
Katur ing mobah mosiking ing mangsa ketiga
Tan bisa miyak panasing hawa
Keli ing ombyaking jaman edan
Kadohan sangkan paran
Kebletheng ing dalan peteng ireng
Kabotan sesanggan
Kelangan papan pencokan
Kadohan rasa sambat lan pamartobat
Kecemplung ing luweng keduwung
Kari nunggu wektu
Kapan ron-roning jiwa pinisah ing raga ?

                                    A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar