ING
DHOMPET IKI
Gambarmu wis owah dadi klawu
Sumlempit ing jepitaning dhompet
Nanging rasa asmara iki isih manjila
Nedya mbaleni nadyan winates mangsa
Aku lan sliramu mutusake laku
Nurut dalan satrep mring isining kalbu
Ngoyak lan ngluru nadyan isih ana tatu
Kabeh iki ginambar ing langit biru
Nadyan dhompet iki wis ora wutuh
Nanging aku isih rumangsa butuh
Tamba kapang nalika greget iki tuwuh
Kapan aku lan sliramu bakal kawayuh
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar