NGLEREM
PRAHARA
Ora salawase
Lakuning laku kesandhung watu
Minger keblinger tumiba ing pengker
Cilaka , lara lan nelangsa
Ora salawase
Mripat kebak pandelengan endah
Kuping ngrungu swara kebak bungah
Ati tansah nyadhong berkah
Saendah-endahe kembang
Kang lagi mekar ngganda arum
Suwening suwe bakal alum
Tumiba muspra tanpa guna
Sakuwat-kuwate dayaning manungsa
Malah apa wae kasil kadhepa
Nggegem panguwasa, katurahan raja brana
Suwening suwe bakal ilang muspra
Mula dimula
Sadurunge prahara numusi jiwa lan raga
Ayo bareng mesu cipta
Kara ngedhem ati kang tansah ngumbara.
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar