Rabu, 05 Oktober 2016

AKU TETEP SETYA NGUPADI



AKU TETEP SETYA NGUPADI

Dikayangapaa aku tetep setya ngupadi
Nadyan kudu mecaki desa milangi kori
Mlaku ngetutake kapan pungkasaning wengi
Ing ngendi tinemu wewayangan gambaring jati
Bunder tekadku nurut dalaning Gusti

Nadyan kudu mecaking dawaning mangsa
Ngambah lemah gunung lan ambyur ing tirtaning segara
Aku ora bakal swala lan tetep nggegegi karya
Nurut dalan tumuju swarga loka

Nadyan meh pedhot ototing ati
Dlamakan sikil abuh kebak bebondhotan eri
Aku datan mundur, aku datan nglari
Aku ora bakal wedi

Dhuh, Gusti
Nyuwun pituduh dalaning margi suci
Nadyan mlebu lan kudu ngambah lemah wadi
Nanging aku tetep setya ngupadi.

                                                A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar