PALASARI
Ing sadawaning dalanmu
Dawa critaku medhar kahananmu
Kang wus nate sumimpen ing kalbuku
Dadi lelakon biru kang trewaca ing
awang-awang
Oh … Palasari
Tanpa sengaja
Tanpa rencana
Lakuning jlantra ngambah ing lemah
sucimu
Rasa kang nate udhar
Saiki ngempel wutuh maneh
Gumeleng lan gumolong ing pengangenku
Oh … Palasari
Ana rasa kapangku kang keri
Tumiba ing sadwaning dalan kaendahan
Netes dadi donga-donga panalangsa
Nuwuhake sewu pitakon ing rasa
Kapan sikil iki kasil ngambah endahmu
Methik woh katresnan
Kang sumebar ing tlatahmu ?
Palasari,
Jembrana, Bali 17-10-2016
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar