TUMUNGKUL
ING BEDHUGUL
Hawa adhemmu nggawe jenjem
Pangrasa kerem ing ron-rong anteng
Kabuntel pedhut kang tansah lumaku
Nyecep bun-bun kang tumangsang ing pang
Wewayanganmu
tumeka
Memba-memba
kaya ratu nitih baita
Nyabrang
samodraning asmara
Apa
ing njero dhadha iki isih ana rasa tresna
Kidung dongaku ngumandhang dawa
Rasa keduwungku manglung ing ara-ara
Siji keputusan kang bisa dadi dudutan
Aku kudu wani kandha: aku isih tresna
Pengangen-angenku
kabur kumleyang
Kebak
wewayangan ayanganmu
Kang
ngadhang ing tanah sabrang
Aku
kudu wani kandha:
Aku
isih kepengin ngrakit urip karo sliramu.
A.
Sardi – Bedhugul – Bali – 10/2016
Tidak ada komentar:
Posting Komentar