Rabu, 19 Oktober 2016

SEMEDI ING DHUWUR WATU (MEMORI PESISIR PANDAWA)



SEMEDI ING DHUWUR WATU
(MEMORI PESISIR PANDAWA)

Ing sadhuwuring waui iki
Nedya dak jereng jembaring ati
Sinandhing sesajen jangkeping puji
Tandha sesucining dhiri

Ing sadhuwuring watu iki
Raguku dk kutugi
Mawa peganing dupa ratus
Mangambar-ambar arum pasrah

Yen aku oleh takon:
Marang sedulur lanangku watu karang
Ngapa adigang-adigung-adigunaku isih manjila
Nancep ing njero dhadha

            Marang wedhi putih darmaning sih
            Ngapa dosa kaluputanku isih gumandhul
            Mencok ing kalbu dadi biru

            Marang kadang sanak ombak
            Ngapa jerit tangisku isih ngumandhang
            Ora ilang ing awang-awang

                                                A. Sardi
                                                Pesisir Pandhawa Okt.16

Tidak ada komentar:

Posting Komentar