Minggu, 02 Oktober 2016

KAPANG KANG TUMANGSANG



KAPANG KANG TUMANGSANG

Sawise lelangen ing rerepening asmara
Nganti butul sakehing korining donya
Nganti kasil nyundhul dhuwuring mega
Kleleb ing tirta ombaking samodra
Nedya ngudi jampining kapang

Eman …..
Tangan lan sikil ora kwagang
Nantang tanpa mikir prahara duka
Ringkih raga njegal laku
Nanging …..
Makantaring rasa
Tan bisa pinenggak kendhaline
Nggege kapang malih dadi nyata
Kamangka iki wis gangti mangsa
Jiwa wis nggambah umur dawa
Ya gene ….
Isih meksa nurut hawaning kapang kang tumangsang.

                                        A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar